Kala
iku ing Desa Jatinegara wonten gadis ingkang ayu tenan, yaiku Indah larasati.
Dheweke boten kagungan ibu, amargi indah sampun ditingal ibune awit lair.
Saniki, indah gesang kalian ramanipun. Ramanipun indah jenenge Prabu Pandu
Utomo. Prabu punika gadhah arto ingkang kathah sanget. Mulanipun kathah gadis
ingkang tresna maring Prabu Pandu Utomo .
Menika
indah dolan menyang kali. Dheweke lagi nyuci klambi. Sawetara punika dheweke
nembang lagu dolanan “Lir-Ilir”.
Ilir-ilir
tandure wis sumilir tak ijo royo-royo tak sengguh penganten anyar
Bocah angon
penekna blimbing kuwi lunyu-lunyu penekna kanggo masuh dodotira
Dodotiro kumintir
bedhahing pinggir domna na jlumatana kanggo sebo mengko sore
Pumpung gedhe
rembulane pumpung jembar kalangane surak-surak iya.
Nalika
iku wonten pangeran ingkang gagah perkasa ngrungokake tembange indah. Dheweke
penasaran sapa sing nembang kuwi. Pangeran iku nggoleti nanging ora
ketemu-temu.
Nalika
iku ing latar amba omahe indah ana ibu-ibu ingkang ayu banget rupane. Ternyata,
ibu-ibu kuwi rencange ramanipun indah. Piyambakinipun jenenge Ema puteri. Ibu
Ema gadhah lare ingkang sapantaran kalih indah jenenge Cicih Maryati.
Satunggal
taun lajenginipun. Ibu Ema dados garwanipun Prabu Pandu. Nanging rikala Prabu
Pandu medhal kangge nyambut gawe. Indah dipun dukani dening ibu Ema.
Ibu Ema : “ Indah,
kowe kepriye sih kerja ora becus kaya nggana. Kyeh, latar esih kotor. Kok
resikki maneh ! ”
Indah : “ Wau
sampun diresiki bu .”
Ibu Ema : “Wau...????kapan...???
aja ngapusi lah....cepet saiki diresiki.”
Indah : “Ngih
bu.”
Ibu Ema : “Aja mung inggah-inggih
wae, ora kepanggih. Mana cepetan gawa sapu.”
( Sesawise
indah ngresiki omah Cicih balik.)
Indah : “ Eh, cicih...kowe wis balik
tho?”
Cicih : “ Yo wes lah, bisane
takon-takon sih?”
Indah : “ Yo
ora apa-apa. Kuwi ana sega. Nedha dhisit ya?”
Cicih :“Oh...kebetulan,
oh ya mengko kowe nggarapaken PR ku yo. Ku ora bisa kyeh.”
Indah
: “Yo wes, tenang bae
cih.”
Sawise
kuwi cicih ninggalaken indah. Banjur indah maring kali dikengken ibune nyuci
klambi. Ana ing kali, dheweke weruh iwak sing lagi lara.
Amarga cangkeme kena jebakan pancingan. Indah cepet-cepet nulungi iwak mau.
Ternyata iwak kuwi bisa ngomong.
Iwak mas : “ Matur
nuwun, indah gelem nulungi aku si iwak ajaib.”
Indah : “
Lhoh...kowe kok bisa ngomong ya? Bisa ngerti jenengku maneh ?”
Iwak mas : “Yo bisa,
wong aku jenenge iwak ajaib yo bisa ngerti
jenengmu.”
Indah
: “Oh...koyo ngono tho.”
Iwak
mas : “ Kowe gelem maen
tebak-tebakan karo aku ?”
Indah
: “Yo wes, aku gelem.”
Iwak
mas : “Lampu apa sing dipecah
metu uwonge?”
Indah
: “ Lampu ajaib.”
Iwak mas : “Ih salah
we.....sing bener yo lampune toko sing lagi ditutup...hehehe.”
Indah : “
Hahahaha.....lucu, saiki gantian jenenge satriya pringgondani iku sapa ?”
Iwak mas : “Gampang
kuwi...jenenge raden gathutkaca. Bener kan..?”
Indah :
“Salah, sing bener ya uleg-uleg (pring bonggol di dandani).”
Iwak mas ,indah:
(nguyu)
Nalika
indah karo iwak mas geguyonan ana pangeran Agung ingkang lagi ngoleti manuk
sasaranne. Indah kaliyan pangeran Agung ketemu kabehe padha seneng-senengan.
Pangeran
Agung beneran tresno marang indah.
Dheweke ora bisa turu jalaran mikirin indah.
Prajurit
: “Sendika dhawuh gusti, punapa gusti dereng
sare ?”
Pangeran
Agung : “Kuwi loh, ku lagi mikirin indah.”
Prajurit
: “Punika tho gusti.”
Pangeran Agung: “Iya...aku wis gawe geguritan kanggo indah. kowe
gelem ngrungokake geguritanku ?”
Prajurit
: “Purun gusti.”
Pangeran
Agung mbacakaken geguritannipun
Nandhang Asmara
Ketemu pisan rasane
dheg-dhegan
ketemu kapindho rasane ser-seran
ketemu kaping telu sansaya nora karuwan..
Wewayanganmu tansah anggawang-nggawang swaramu angabak-ambak ing pikir kaya ora gelem sirna
apa aku iki lagi nandhang kasmaran?
Tambah agawe gregeting manahku nalika ketemu ing papan iki sanajan durung wani belak-belakan tresnaku sayekti suci. Muga-muga seliramu bisa nampa apa anane, ora gawe atiku cidra lan kuciwa. tekamu tansah dak enteni saben dina sing muga bisa nglipur ati iki.
ketemu kapindho rasane ser-seran
ketemu kaping telu sansaya nora karuwan..
Wewayanganmu tansah anggawang-nggawang swaramu angabak-ambak ing pikir kaya ora gelem sirna
apa aku iki lagi nandhang kasmaran?
Tambah agawe gregeting manahku nalika ketemu ing papan iki sanajan durung wani belak-belakan tresnaku sayekti suci. Muga-muga seliramu bisa nampa apa anane, ora gawe atiku cidra lan kuciwa. tekamu tansah dak enteni saben dina sing muga bisa nglipur ati iki.
Prajurit : “Sendika gusti geguritannipun sae banget.
Punapa gusti badhe langsung nglamar
putri indah ?”
Pangeran Agung : “yo wes, ngesuk aku pan nglamar Indah.”
Lajengenipun pangeran agung nglamar putri indah diiringi tarian Serimpi.
Sedayanipun urip seneng.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar